Selasa, 25 Februari 2020

Prabu Yudhistira ing Negara Wiratha

                             Prabu Yudhistira ing Negara Wiratha
                                       

           Ana lakon wayang kulit yaiku Wirathaparwa. Lakon Wirathaparwa kuwi isine lelakone para pandawa nampa paukuman urip ana ngalas rolas taun ditambah ndhelik setaun. Paukuman Kuwi disebababaka watake Prabu Duryudana sasedulure kang angkara. Prabu Duryudana kepengin  nguwasani negara Astina lan Amarta. Prabu Duryudana sasedulure diarani bangsa Kurawa.
          Prabu Yudistira lan kadange kelakon nglakoni ukuman urip ing alas rolas taun. Prabu Yudistira  tansah sabar nglakoni urip rekasa ing alas. Ukuman dhelik setuan dilakoni ngenger ana negara Wiratha. Nalika samana negara Wiratha kang dadi raja Prabu Matswapati.
          Prabu Yudhistira lukar busana narendra banjur ngagem sandhangan brahmana. Prabu Yudhistira ganti jeneng Brahmana Tandha Dwija Kangka. Werkudara ganti jeneng Balawa.Arjuna ganti jeneng Wrehatnala. Nakula lan Sadewa nganggo jeneng Pinten lan Tangsen.
          Prabu Yudhistira sabar atine, marang adhi-adhine.
          "Adhiku kabeh, urip kudu bisa sabar lan syukur. Sabar ngadhepi pacoban. Syukur marang apa bae peparinge Pangeran Kang Mahaasih. Aja seneng goroh. Aja seneng ngapusi. Aja melik duweking wong liya.
         "lya, mbarep kakangku. Aku manut dhawuhmu," wangsulane Balawa.
          Nalika  ngenger ing Wiratha, Balawa dadi tukang jagal. Wrehatnala dadi guru nembang lan mbeksa. Pinten dadi gamel, ngopeni jaran. Tangsen angon lembu. Kabeh padha ngati-ati aja nganti dingreteni para Kurawa. Sebab yen nganti anggone ndhelik ing Wiratha dingerteni para Kurawa, ukuman bakal ditambah rolas taun maneh.
          Prabu Yudhistira sakadang lulus nglakoni paukuman. Pandhawa andhuta Prabu Kresna njaluk negara Astina saka regemane para Kurawa. Para Kurawa nggondheli Astina. Bebasan "ngemut legining gula, bareng krasa legi ora gelem nglepeh". Rumangsa kepenak ngenggoni negara Astina banjur wegah mbalekake marang para Pandhawa. Mulane banjur kadadean perang Baratayuda. Yaiku perange para Pandhawa mungsuh para Kurawa.






Kapundut saka buku Bahasa Jawa (Tutur Basa Piwulang Bahasa Jawa) kelas IV

Instagram:
https://instagram.com/wantikakarnia_29?igshid=1jdik9tywppxw https://instagram.com/ellasepriana?igshid=13c6lp4ohufdv

Twitter:
 Lihat Coldgirl_ (@Bettlekaka): https://twitter.com/Bettlekaka?s=09



Nama kelompok:  1. Ella Septiana (13)
                                 2. Wantika Karnia W. (32)
                 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Prabu Yudhistira ing Negara Wiratha

                             Prabu Yudhistira ing Negara Wiratha                                                    Ana lakon wayang k...